Minggu, 14 Februari 2016

Curhatan Buruh Bangunan

Curhatan Buruh Bangunan- Kerja nang bangunan gue kesel ,bayarane ora sepira, paling seneng nek kerja nang bangunan gue dina setu masalaeh sorene bayaran. Keluh kesaeh enyong dadi kuli bangunan gue akeh kadang tukange kaya tai ,kadang gelem ngomeih ngomeih dewek . Enyong tau anu kerja tukang sing agresif pas dina rebo aqu agi ngaso medang kopi cap kapal api rasa kopi ,icir icir aku di sampluk kan mburi jere gole ngumbe kopi kudu ngadep kiblat ,nek ora ,ora uleh ngumbe kopi.

Aku iya tau kerja karo tukang sing lucu sing gelem glwean tapi glweane ngawur lan ora mikir ,
enyong agi ngaduk nang pinggir dalan kathoku di plorodna ,padahal enyong ora anggo sempak ,
enyong isin ora patut,aku arep mbales ,tapi ora bisa ,bukane aku ora wani tapi tukange ora anggo kathok. Aku tau kerja bareng tukang sing kerjane serius banget .Saking seriuse tukange gole masang bata karo  turu nang nduwur bata karo ngiler ,tulung lah wa .Terus peteng ehh maksude terus terang , angger agi kerja ,seumpamane agi ngusung bata urung rampung wis di prentah kon ngenu liane ,bebeh banget rasane , tapi iya jenenge kuli iya ngono kui di prentaih  thok.

Jane iya enyong kepengin golet kerjanan liane sing lewih kepenak tapi urung nemu ,dadi iya esih bertahan dadi kuli bangunan jane sing tek kepengini kerja nang enyong gie kerja nang bank .ora panasan bayarane akeh ,pokoke kepenak lah nek kerja nang bank. Wis lah aku mumet nek curhat bae karo rika.
sekian dari enyong wasalam .

1 komentar: